PAMBAGYO HARJO
Selamat datang di blog kami smoga bermanfaat.. sedikit kita berbagi materi pambagyo harjo. Ini bisa digunakan oleh semua kalangan untuk belajar. selamat mempelajari. smoga sukses.. :)Assalamualaikum wr. wb..
Para sesepuh pini sepuh ingkang satuhu kula bekteni, para bp/ibu ingkang kinurmatan, para kadang mitra sutresna saha kadang muda tumaruna ingkang kula tresnani.
Pinangka pambukaning atur sumangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun allah swt jalaran wonten ing wanci punika panjenengan dalah kula saged makempal silaturahmi kanthi sae wilujeng mboten manggi alangan satunggal punapa.
Ingkang sak lajengipun kula pinangka sulih sarira saking penjenenganipun Bp. Khusnul, ingkang supados matur wonten ngaranipun panjenengan sedaya;
Sepisan: Bp. Khusnul ngaturaken wilujeng menggah rawuh panjenengan sedaya, saha matur agunging panuwun bilang panjenengan sedaya sampun kersa rawuh wonten tata cara punika.
Ingkang angka kalih: Menggah wigatosing pahargyan wonten ing wanc menika, bilih Bp. Khusnul ngawontenaken tasyakuran walimatul ursy, inggih punika ngijab qabulaken putra pawestrinipun ingkang sesilih Roro Rifda Husna pikantuk Bagus Rifky Sheva putra jaleripun Bp. Lanjar As'adi ingkang pidalem wonteng ing Solo.
Menggah ijab kabul saha panggihing penganten sampun kalampahan wonten ing dinten sabtu pon surya kaping sekawan April 2016 mugi mugi penganten sarimbt estu dados keluarga ingkang sakinah mawadah warahmah. aamin..
Ingkang angka tiga: Bp. Khusnul ngaturaken agunging panuwun dhumateng sanak kadang, tangga tepalih, mitra sutresna ingkang sampun paring pambiyantu ingkang awujud punapa kemawon, sahengga saget hanyekapi pahargyan ing wanci punika. Mugi mugi sih kadarman panjenengan sedaya pikantuk piwales ingkang langkung sae saking allah swt.
Para tamu kakung saha putri ingkang kinurmatan. Pahargyan wonten ing wanci punika sampun karancang dangu sak derengipun ananging kasunyatan taksih katah cewet saha kirangipun, ingkang enika estu nyuwun agunging pangapunten.
Ingkang pungkasan dhumateng para sesepuh pinisepuh, para bp/ibu lan para tamu kakung saha putri kasuwun hanyekecakaken sami leleggahan ngantos pari purnaning pahargyan punika.
Dene kula pinangka talanging atur katah kirang saha salahipun kula tansah nyuwun agunging pangapunten. Nuwun matur nuwun.
Wassalamualaikum wr. wb.
Sekian dan terimakasih selamat mempelajari materi materi kami di post2 berikut nya. :)
Jika ada kata kata yg blm di mengerti silahkan coret coret di bawah.. Trimakasih..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar